Please enable JS

RADEN GATHUTKACA : SATRIYA OTOT KAWAT BALUNG WESI

06 Januari 2021 / Muhammad Adib Abrar
RADEN GATHUTKACA : SATRIYA OTOT KAWAT BALUNG WESI

Penulis : Muhammad Adib Abrar*

Editor : Darmawan, S.Pd**

 

Raden Gathutkaca satriya saka Pringgadani kang kondhang otot kawat balung wesi, bisa mabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang Antakusuma, iku sejatine putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi. Asmane liya yaiku Bambang Tetuka , Arimbatmaja , Krincingwesi.

Pusere Raden Gathutkaca nalika lair ora kena dikethok, gegaman apa wae ora bisa tumama kanggo ngethok. Kacarita pusere bisane dikethok nganggo warangka senjata Kunta Wijayandanu kang saka kahyangan. Nanging bareng pusere pedhot, warangka mau malah nyawiji mlebu ing pusere Raden Gathutkaca.

Bayi kang lagi pedhot pusere mau banjur digawa menyang kahyangan lan didadekake jagoning para dewa kanggo ngadhepi Prabu Kalapracona lan Patih Sekipu kang gawe rusaking kahyangan. Bayi Raden Gathutkaca dicemplungake menyang Kawah Candradimuka sing genine murub mengalat - alat. Gathutkaca dikrocok genggaman, nanging ora mati, malah cepet gedhe.

Metu saka kawah malah wis nganggo busana wesi, nganggo caping Basunada, dayane yen panas ora kepanasen, yen udan ora kodanan, duwe aji Narantaka paringane Resi Seta. Gathutkaca cilik mau wis bisa ngadhepi Kalapracona lan Sekipu. Saben - saben dibanting , dicokot , disabet dening mungsuhe , Gathutkaca ora krasa lara , malah awake saya modot lan saya gedhe. Gathutkaca bisa ngalahake Prabu Kalapracona lan Patih Sekipu kanthi cara ditugel janggane.

Piyambake ora mung dadi jagone para dewa , nanging uga dadi bentenging Pandhawa. Nalika Barata yuda, Gathutkaca dadi senapati. Ora ana prajurit Kurawa kang bisa nandhingi olah kridhaning Raden Gathutkaca. Akeh prajurit Kurawa kang tiwas ing tangane Gathutkaca katrajing aji Brajamusthi lan aji Narantara.

Gathutkaca ora mung pinter perang ing dharatan, nanging ing dirgantara uga trampil lan trengginas. Nalika Basukarana madeg dadi senapatine Kurawa. Basukarna nglepasake senjata Kunta Wijayandanu. Senjata kuwi tumancep ing warangkane kang ana ing pusere Gathutkaca, sanalika Gathutkaca gugur mbela bangsa lan negara.

 

*Muhammad Adib Abrar adalah siswa kelas VII SMP Texmaco Semarang

** Darmawan, S.Pd adalah guru pengampu Bahasa Jawa sekaligus Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Sarana Prasarana dan Ketenagaan

Bagikan ke sosial media :

Artikel Terkait